Godong gedang, humor suroboyoan

Buat refresing aja, banyolan suroboyoan


Putu : “laopo mbah? “

Simbah : “nggolek godhong   gedhang le”

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah ?"

Simbah : “gawe bungkus lontong”

Putu : “lontong gawe opo mbah”

Simbah : “engkok dipangan ambek opor”

Putu : “oooo sik engkok, lha saiki laopo mbah?

Simbah : “nggolek godhong gedhang leee”

Putu : “gawe opo mbah? “

Simbah : “digawe bungkus lontong!! Khan maeng wis tak kandani leee!?!?!”

Putu : “Lontong digawe opo mbah?”

Simbah : “dipangan ambek opor leee, mosok digawe ganjel lawang????“

Putu : “Oh ngono yo mbah”

Simbah : “iyooo, wis kono lungo, ojo ngganggu aku!!!”

Putu : “opo’o mbah? “

Simbah : “kan aku akeh gawean saiki…!!!”

Putu : “gawean opo mbah…?”

Simbah : “jangkriiiikkkk, nggolek godhong gedhaaaang!!!!!”

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah : “digawe lontoooong, lontoooooong, lontoooong, budheg ta
koen?????!! “

Putu : “Simbah ngomong ambek sopo…? “

Simbah : “jancuuuk, yo ambek awakmu…!!!! “

Putu : “lha lek ambek aku, laopo simbah bengok bengok? Aku khan ndik
kene ae”

Simbah : “matamu piceeekkk!!! Soale koen gak ngeri ngerti… gak ndelok ta
aku lagi akeh gawean????!!!! “

Putu : “gawean opo mbah….? “

Simbah : “dengkulmu anjloogg!!!! Nggolek godhong gedhaaaang…! “

Putu : “godhong gedhang gawe opo mbah…?”

Simbah : “cangkemu suweeekkk… digawe bungkus lontong, lontong yo
dipangan leeeee!!!! “

Putu : “Kan nang omah ono beras, opo’o simbah mangan lontong campur
godhong gedhang mbah????”

Simbah : “putuku sing nggantheng ireng thuntheng koyok areng, koen dulin
sing adoh ae yo, engkok simbah bludrege kumat. Simbah lagi nyambut gawe
saiki leee!!”

Putu : “opo’o koq bludreg mbah? Sakjane simbah nggolek godhong gedhang
opo bludreg sih? Bludreg iku opo sih mbah? Iso digawe bungkus lontong
juga…?“

simbah : “guobloooog!!!! Kenthiiir!!!!“

Putu : “kenthir??? Simbah stress yo?? “

Simbah : “iyo Simbah stress..!. mumet ndasku ono awakmu ngganggu aku
nyambut gawe!! “

Putu : “lek nyambut gawe nggolek godhong gedhang nggarai mumet…, laopo
simbah sik tetep nggolek godhong gedhang??”

Simbah : “wis wis gak usah kakean cangkem!! Saiki muliho ae koen.!!!! “

Putu : “iyo mbah, aku moleh ae… simbah gak moleh pisan…??”

Simbah : “gak, aku sik akeh gawean “

Putu : “gawean opo mbah…?”

Simbah : “nggolek godhong gedhang,..!!!!

Putu : "godhong gedhang gawe opo mbah,.?”

Simbah : “gawe njejeli lambemu!!!!????

Putu : lha jarene maeng gawe bungkus lontong mbah?

Simbah, setep, kejet kejet semaput…….
Read More..